Kamis, 01 Januari 2009

Purwojati

Kidungan Sunan Kalijaga menghadapi jaman edan yang begitu menyengsarakan
sendi-sendi kehidupan rakyat, hidup serba tidak menentu, semuanya serba sulit menentukan
sikap, serta tidak ada fundamen keimanan kepada Tuhan Yang Maha Esa yang benar dan
kokoh, sebenarnya sudah diantisipasi oleh orang Jawa jauh hari sebelum hal itu terjadi.
Orang-orang yang “ Waskita “ wong kang limpad ing budi (orang-orang yang mampu
membaca tanda jaman.
Salah satu alternatif dari sumbangan sastra Jawa menghadapi jaman edan ialah
membaca “ Kidung Rumekso Ing Wengi “ (KRIW), yang konon karya Sunan Kalijaga sehabis
sembahyang malam, kidung ini sudah terkenal di wilayah Nusantara dan sering di nyayikan di
pedesaan pada pertunjukkan ketoprak, wayang kulit dll atau peronda di malam hari yang
sunyi. Bait yang utama dari KRIW itu sangat dikenal karena berisi mantra tolak balak,
sedangkan bait selanjutnya yang berjumlah delapan jarang dinyanyikan karena dianggap
terlalu panjang.
Bunyi kidung bait pertama itu sebagai berikut :

Bahasa Jawa Terjemahannya

Ana kidung rumeksa ing wengi Ada nyanyian yang menguasai malam
Teguh hayu huputa ing lara Kukuh selamat terbebas dari penyakit
Luputa bilahi kabeh
Jin setan datan purun
Paneluhan tan ana wani miwah
panggawe ala
Gunaning wong luput
Geni atemah tirto
Maling adoh tan ana ngarah ing mami
Guna duduk pan sirna
Terbebas dari semua malapetaka
Jin setan jahatpun tidak berkenan
Guna-guna pun tidak ada yang berani
Juga perbuatan jahat ilmunya orang
yang bersalah
Api sirna karena air
Pencuri pun jauh tak ada yang menuju
padaku
Guna-guna sakti pun lenyap
Fungsi Kidung :
Inti laku pembacaan KRIW adalah agar kita senantiasa mendekatkan diri kepada
Tuhan Yang Maha Esa, sehingga terhindar dari kutukan dan malapetaka yang lebih dahsyat.
Dengan demikian kita dituntut untuk senantiasa berbakti, beriman dan taqwa kepada Tuhan
Yang Maha Esa.
Mengenai fungsi kidung secara eksplisit tersurat dalam kalimat kidung itu, yang antara
lain :

1. Penolak balak dimalam hari, seperti teluh, santet, duduk, ngama, maling,
penggawe ala dan semua malapetaka.
2. Pembebas semua benda
3. Pemyembuh penyakit, termasuk gila
4. Pembebas pageblug
5. Pemercepat jodoh bagi perawan tua
6. Menang dalam perang
7. Memperlancar cita-cita luhur dan mulia

Kemudian oleh Puji Santosa dijelaskan, KRIW terdiri atas sembilan bait yang disertai
laku dan fungsi pragmatisnya secara spesifik. Bagian pertama terdiri lima bait yang wajib
diamalkan setiap malam. Bagian ke dua, terdiri empat bait berupa petunjuk yang menyertai
laku dan wajib dilaksanakan oleh setiap orang yang mengamalkannya.
Nafas ke islaman tampak mewarnai KRIW mulai bait ke tiga dan seterusnya dengan
menyebut asma Allah, malaikat, Nabi-Rasul, sahabat Nabi, keluarga Nabi dan nama seorang
wali Sunan Kalijaga. Jadi secara tematik KRIW itu dilatari pleh nafas ke Islaman.
Sementara itu kalimat terakhir pupuh Sinom bait ketujuh Serat Kalatida karya
Ronggowarsito yang sangat terkenal dan berbunyi : “ Dilalah-kersaning Allah, begja begjane
wong kang lali, isih begja kang eling lan waspada “ ditafsirkan bahwa “ Eling “ berarti kita
senantiasa dituntut untuk berbakti kepada Tuhan dan selalu berzikir kepada Tuhan, tidak
melupakan dan tidak meninggalkan sembahyang, "“Waspada "“berarti mampu membedakan
yang benar dan yang salah, artinya selalu “ Wiweka “ hal ini penting agar kita tidak ikut gila,
tergilas oleh arus jaman dan hanyut dalam situasi yang tidak menentu.
Kidungan/nyanyian tsb selengkapnya sbb:
KINIDUNGAKE : DANDANGGULA
PURWAKA
Purwaning kang sinawung memanis,panedaknya serat Kekidungan,lepata tulah
sarike,angalap berkahipun,Kanjeng Nabi lan para Wali,poma sagung lan maca ,den samya
tumayuh,ing lair batin sedyakna,sata suci,daraponira atut asih,nugrahaning Pangeran
SAWABING NABI WALI

1. Ana kidung rumeksa ing wengi,teguh ayu luputa ing lara,luputa bilahi kabeh, jin setan
datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunane wong luput, geni
anemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah ing mami, guna duduk pan sirna.
2. Sakehing lara pan samia bali, sakehing ama sami miruda, welas asih pandulune,
sakehing braja luput, kadi kapuk tibanireki, sakehing wisa tawa, sato kuda tutut, kayu
aeng lemah sangar songing landak, guwaning mong lemah miring, mjang pakiponing
merak.
3. Pagupakaning warak sakalir, nadyan arca mjang sagara asat, satemah rahayu kabeh,
dadi sarira ayu, ingideran mring widhadari, rinekseng malaekat, sakatahing rusuh, pan
dan sarira tunggal, ati Adam utekku Bagenda Esis, pangucapku ya Musa.
4. Napasingun Nabi Isa luwih, Nabi Yakub pamiyarsaningwang, Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dawud swaraku, Yang Suleman kasekten mami, Ibrahim nyawaningwang, Idris ing
rambutku, Bagenda Ali kuliting wang, Abu Bakar getih, daging Umar singgih, balung
Bagenda Usman.
5. Sungsumingsun Fatimah Linuwih, Siti Aminah bajuning angga, Ayub minangka ususe,
sakehing wulu tuwuh, ing sarira tunggal lan Nabi, Cahyaku ya Muhammad, panduluku
Rasul, pinajungan Adam syara", sampun pepak sakatahing para nabi, dadi sarira tunggal.
6. Wiji sawiji mulane dadi, pan apencar dadiya sihing jagad, kasamadan dening Dzate, kang
maca kang angrungu, kang anurat ingkang nimpeni, rahayu ingkang badan, kinarya
sesembur, winacaknaing toya, kinarya dus rara tuwa gelis laki, wong edan dadi waras.
7. Lamun arsa tulus nandur pari puwasaa sawengi sadina, iderana gelengane, wacanen
kidung iki, sakeh ama tan ana wani, miwah yen ginawa prang wateken ing sekul, antuka
tigang pulukan, mungsuhira lerep datan ana wani, teguh ayu pajudan.
8. Lamun ora bisa maca kaki, winawera kinarya ajimat, teguh ayu penemune, lamun ginawa
nglurug, mungsuhira datan udani, luput senjata uwa, iku pamrihipun, sabarang
pakaryanira, pan rineksa dening Yang Kang Maha Suci, sakarsane tineken.
9. Lamun ana wong kabanda kaki, lan kadenda kang kabotan utang, poma kidung iku bae,
wacakna tengah dalu, ping salawe den banget mamrih, luwaring kang kabanda, kang
dinenda wurung, dedosane ingapura, wong kang utang sinauran ing Yang Widdhi, kang
dadi waras.
10.Sing sapa reke arsa nglakoni, amutiha amawa, patang puluh dina wae, lan tangi wektu
subuh, lan den sabar sukur ing ati, Insya Allah tineken, sakarsanireku, njawabi nak -
rakyatira, saking sawab ing ilmu pangiket mami, duk aneng Kalijaga.
Kuwasaning Artadaya
11. Sapa kang wruh Artadaya iki, pan jumeneng sujanma utama, kang wruh namane Artate,
masyrik magrib kawengku, sabdaning kang pandita luwih, prapteng sagara wetan
angumbara iku, akekasih Sidanglana, Sidajati ingaranan Ki Artati, nyata jati sampurna.
12.Ana kidung reke Ki Artati, sapa wruha reke araning wang, duk ingsun ing ngare, miwah
duk aneng gunung, Ki Artati lan Wisamatti, ngalih aran ping tiga, Artadaya tengsun
araningsun duk jejaka, mangka aran Ismail Jatimalengis, aneng tengeahing jagad.
13.Sapa kang wruh kembang tepus kaki, sasat weruh reke Artadaya, tunggal pancer lan
somahe, sing sapa wruh panu......sasat sugih pagere wesi, rineksa wong sajagad,
ingkang....iku, lamun kinarya ngawula, bratanana pitung dina....gustimu asih marma
14.Kang cinipta katekan Yang Widhhi, kang..... madakan kena, tur rineksa Pangerane,
nadyan..... lamun nedya muja samadi, sesandi ing nagara, .....dumadi sarira tunggal,
tunggal jati swara, .....aran Sekar jempina
15.Somahira ingaran Panjari, milu urip lawan milu pejah, tan pisah ing saparane, paripurna
satuhu, jen nirmala waluya jati, kena ing kene kana, ing wusananipun, ajejuluk Adimulya
Cahya ening jumeneng aneng Artati, anom tan keneng tuwa
16.Tigalan kamulanireki, Nilehening arane duk gesang, duk mati Lajangsukmane, lan
Suksma ngambareku, ing asmara mor raga jati, durung darbe peparab, duk rarene iku,
awajah bisa dedolan, aranana Sang Tyasjati Sang Artati, jeku sang Artadaya
17.Dadi wisa mangka amartani, lamun marta temah amisaya, marma Artadaya rane, duk laga
aneng gunung, ngalih aran Asmarajati, wajah tumekeng tuwa, eling ibunipun, linari lunga
mangetan, Ki Artati nurut gigiring Marapi, wangsul ngancik Sundara
18.Wiwitane duk anemu candi, gegedongan reke kang winrangkan, sihing Yang kabesmi
mangke, tan ana janma kang wruh, yen weruha purwane dadi
19.Sagara gunung myang bumi langit, lawan ingkang amengku buwana, kasor ing
Artadajane, sagara sat lan gunung, guntur sirna guwa pesagi, sapa wruh Artadaya, dadya
teguh timbul, dadi paliyasing aprang, yen lelungan kang kepapag wedi asih, sato galak
suminggah.
20.Jin prayangan pada wedi asih, wedi asih sagunging drubigsa, rineksa siang-dalune,
ingkang anempuh lumpuh, tan tumama mring awak mami, kang nedya tan raharja, sadaya
linebur, sakehing kang nedya ala, larut sirna kang nedya becik basuki, kang sinedya
waluya.
21.Gunung guntur penglebur guweki, sagara sat bengawan sjuh sirna, kang wruh Artadaya
reke, pan dadi teguh timbul, kang jumeneng manusa jati, ngadeg bumi sampurna, Yang
Suksma sih lulut, kang manusa tan asiha, Sang Yang Tunggal parandene wedi asih, Yang
Asmara mong raga.
22.Sagara agung amengku bumi, surya lintang mjang wong sabuwana, wedi angidep
sakehe, kang kuwasa anebut, dadya paliyasing prang dadi, paser panah sumimpang,
tumbak bedil luput, liwat sakatahing braja, yen linakon adoh ing lara bilahi, yen dipun
apalena.
23.Siang dalu rineksa Yang Widhhi, sasedyane tinekan Yang Suksma, kinedepan janma
akeh, karan wikuning wiku wikan liring puja samadi, tinekan sedyanira, kang mangunah
luhung, peparab Yang Tigalana, ingkang simpen kang tuwayuh jroning ati, adoh ingkang
bebaya.
24.Sakehing wisa tan ana mandi, sakehing lenga datan tumama, lebur muspa ilang kabeh,
duduk tenung pan ayu, taragnyana tan ana mandi, sambang dengan suminggah, samya
lebur larut, ingkang sedya ora teka, ingkang teka ora nedya iku singgih lebur sakehing
wisa.
25.Yen kinarya atunggu wong sakit, ejin setan datan wani ngambah, rinekseng malaekate,
nabi wali angepung, sakeh ama pada sumingkir, ingkang sedya mitenah, miwah gawe
dudu, rinu sak maring Pangeran, iblis la’nat sato mara mati, tumpes tapis sadaya.
DHANGHYANGAN
[Para Ratuning Dhedhemit Ing Nusa Jawi]
Pupuh Sinom:
1. Apuranen sun angetang, lelembut ing nusa Jawi kang rumeksa ing nagara, para ratuning
dhedhemit, agung sawahe ugi yen eling sadayanipun, pedah kinaya tulah, ginawe tunggu
wong sakit, kayu aeng lemah sangar dadi tawa.
2. Kang rumiyin ing bang wetan. Durganeluh Maospahit lawan Raja Bohureksa iku ratuning
dhedhemit Blambangan kang winarni awasta Sang balabatu, aran Butalocaya, kang
rumeksa ing Kadhiri, Prabuyeksa kang rumeksa Giripura.
3. Sidagori ing Pacitan, Kaduwang si Klenthingmungil Endrayaksa ing Magetan, Jenggala si
Tujungputih, Prangmuka Surabanggi. Pananggulang Abur-abur Sapujagad ing Jipang,
Madiyun si Kalasekti, pan si Koreb lelembut ing Pranaraga.
4. Singabarong Jagaraga, Majenang Trenggilingwesi, Macan guguh Garobogan, Kalajangga
Singasari, Sarengat Barukuping Balitar si Kalakatung, Butakurda ing Rawa, Kalangbret si
Sekargambir, Carub-awor kang rumekso ing Lamongan.
5. Gurnita ing Puspalaya, si Lempur ing Pilangputih, si Lancuk aneng Balora, Pagambiran
Kalasekti, Kedhunggene Ni Jenggi, Ki Bajangklewer puniku ngLangsem Kalabrahala
Sdayu si Cicingmurti, Ki Jalangkah ing Candi Kahyanganira.
6. Semarang Baratkatiga, Pakalongan Gunturgeni, Pecalang si Sambangyuda, Sarwaka ing
Sukawati ing Padhas Nyai Ragil, Jayalelana ing Suruh Butatrenggiling Tegal, ing Tegal si
Guntinggeni, Kaliwungu Gutukapi kang rumeksa.
7. Magelang Ki Samaita, Dhadhungawuk Geseng nenggih, Butasalewah ing Pajang, Mandamanda
ing Matawis, Paleret Rajekwesi, Kuthagede Nyai Panggung, Pragota Kartasura,
Cirebon Setankoberi, Jurutaman ingkang aneng Tegallayang.
8. Genawati ing Seluman, Ki Kemandhang Wringinputih, si Karetek Pajajaran, Sapuregel ing
Betawi, Ki Drusul ing Banawi, ingkang aneng Gunung Agung, Ki Tlekah ngawang-awang
Ki Tapa ardi Marapi, Ni Taruki ingkang ana Tunjung Banag.
9. Setan kareteg ing Kendal, Pamasuhan Sapuangin, Kresnapada ing Rangkudan, Ni
Pandansari ing Srisig, kang aneng Wanapeti, Palangkaarsa wastanipun, Ki Candung ing
Sawahan, Plabuhan Ki Dudukwarih, Batutukang kang aneng Palayangan.
10. Ni rara Aris ing Bawang, ing Tidar Ki Kalasekti, Ki Padureksa Sundara Ki Jalela ardi
Sumbing, Ngungrungan Kesbumurti, Ki Krama ardi Rebabu, Nirbangsan ardi Kombang,
Prabu Jaka ardi Kelir, Ajidipa gunung Kendheng kang den reksa.
11. Ing Pasisir Butakala, ing Tlacap si Kalasekti, Kalanadhah ing Banyumas, Sigaluh aran
Prenthil Banjaran Ki Wewasi Kyai Korog ing Lowanu, gunung Duk Geniyara, Nyai Bureng
Parangtritis, Drembamoha ingkang aneng Prabalingga.
12. Ki Kerta Sangkalbolongan, Kedhungandhong Winongsari ing Jenu Ki Karungkala, ing
Pengging Banjaransari, ing Kedhu kang nenggani, anamaa Ki Candralatu, Gunung
Kendhalisada Kethekputih kang nenggani, Butaglemboh ing Ayah kahyanganira.
13. Ni Rara Dhenok ing Dewak, ing Tubin Nyai Bathithing ing Kuwu Ki Juwalpayal, si Jungkit
ing Guyanag nenggih, Trenggalek Ni Daruni, Tunjungseta Cmarasewu, Kalawadung
Kenthongan, Jepara Ki Wanengtaji, Bagus Anom ing Kudus kahyanganiraa.
14. Magiri Ki Manglarmonga, ing Gading Ki Puspasari Ketanggung Ki Klanthungwelah,
Brengkalan si banaspati, Ni Kopek ing Manolih, ing tengah si Sabukalu, Nglandhak Ki
Mayangkara, si Gori Kedhungcuwiri, Baruklinthing ingkang ana ing Bahrawa.
15. Sunan Lawu ing Argapura, ing Bayat si Puspakati, Cucukdandang ing Kartikan, kulawarga
Tasih Wedhi, kali Opak winarni, Sanggabuwana ranipun, si Kecek Pajarakan,
Cingcinggoling Kaliwening, ing Dhahrama Ulawelang kang rumeksa.
16. Kang aneng Kayulandheyan, Ki Daruna Ni Daruni, Bagus Karang aneng RobanSungujaya
Udanriris, Sidarangga Dalepih, si Gadhung Kedhunggarunggung, kang neng Bajanegara,
Citranaya kang nenggani, Genapura kanaan aneng Majapura.
17. Ki Logenjang ing Juwana, ing Rembang si Bajulbali, Ki Lender ing Wirasaba, Madura Ki
Butagrigis, kang ngreksa ing Matesih Jaranpanolih ranipun, Ki Londir Pacangakan, si
Landhep ing Jataisari, Ondar-andir ingkanag aneng Jatimalang.
18. Arya Tiron ing Lodhaya, Sarpaabangsa aneng Pening, Perangtandanag ing Kasanga, ing
Crewek Ki Mandamandi setan telagapasir, ingkang aran Ki Jalingkung, Kalanadhah ing
Tuntang, Bancuri Kalabancuri, kang rumekso sukune ardi Baita.
19. Ragadungik Randhulawang, ing Sendhang Retna Pengasih Butakapaa ing Prambanan,
Bok Sampurna ardi Wilis, Raden Galinggangjati kang rumeksa Gajahmungkur, si Gendruk
ing Talpegat, Ngembet Raden Panjisari, Pagerwaja kang aran Udakusuma.
20. Ki Penthul ing Pakacangan, Cangakan si Dhodhotkawit kalangkung ing sektinira, titihane
kudha putih, cakra payungireki lar waja kekemulipun, pan sami rinajegan, respati rajege
wesi, camethine pat-upate ula lanang.
21. Sinabetaken mangetan, ana lara teka bali, tinulak bali mengetan mangidul, panyaberneki,
lara prapta ambalik, tinulak bali mangidul ngulon banyabetira ana lara teka bali, pan
tinulak mangulon bali kang lara.
22. Mangalor panyabetira, ana lara teka bali, mangalor balitinulak anulya nyabet manginggil,
lara prapta ambalik tinulak bali mandhuwur nulya nyaber mangandhap, ana lara teka bali,
pan tinulak larane bali mangandhap.
23. Dhemit kang aneng Jepara, lan dhemit kang aneng Pati kalangkung kasektenira,
Juweyawastanireki, Gus rema Tambaksuli, Kudhapeksa ing Delanggung, Ki Klunthung
Ringinpethak, Ni Gambir ing Glagahwangi, si Kacubung Kadilangu kang den reksa.
24. Ni Duleg ing Pamancingan, Guwa langse Nini Suntring, kang rumeksa Parangwedang
raden Arya Jayengwesti, kabeh urut pasisir, kulawarga Nyai Rara Kidul, sampun pepak
sadaya, paraa ratuning dhedhemit, nusa Jawa pangeran kang rumeksa.

1 komentar:

  1. KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


    BalasHapus